CERKAK PLESETAN BASA JAWA - KESANDUNG, KECEMPLUNG,
KEPENTUNG
Langit isih peteng. Cahyaning srengenge saya suwe saya ketok. Suwarane pitik
jago nangekake wong-wong kang isih padha turu.
Ing desa
ingkang adoh saka kuta, wong-wong wis padha siap menyang sawah lan pasar. Ana sek
nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak.
Ana sawijining
omah gedheg kang wis reyot ing pinggir ndeso. Omah iku mung dinggoni wong loro,
mbok Sarmini lan anake sing sinom
jenenge Ghana. Mbok Sarmini wes tuwa umure, 60 taun lan jaka anak siji-sijine iku
umure 19 taun. Mbok Sarmini biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Ghana.
Ghana mung nganggur neng ngomah. “Le, tulung jupukke obat neng meja ngarep!”
akon Mbah Sarmini. “Nggih mbok. Mangkih riyen, sekedap.” Tanggap Ghana.
“Niki mbok
obate, diombe ngangge wedhang niki.”
“Nuwun yo
le.”
Sawise
ngombe obat mbok Sarmini menyang sawahe kang rada adoh saka omahe. Ghana pancen
ala pandhutane, ora
gelem ngrewangi ibune. Dheweke mung nang omah ora ana gawean. Mbok Sarmini pancen
tuwa, nanging isih
seneng guyonan lan marai ngguyu kanca-kancane ing sawah nanggo cangkrimane,
misale, “Coba, yu. Pitik
walik saba kebon iku apa?”
Wong-wong
ndeso iku padha ngarani dheweke Mbok Koplak. Mbok Sarmini menyang neng sawah
karo kanca-kancane sing arep padha tandur.
“Pripun
kabare Ghana mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak mrene?” takon Mbok Sri.
“Inggih sae
yu. Alah, bocah siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.” Tanggap Mbok Sarmini.
Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Sarmini
ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Sarmini padha meneng wae, dikira mung
ngapusi amarga Mbok Sarmini biyasane seneng gojekan. Uwes sepuluh menit Mbok Sarmini
ora obah. Mbok Sri sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Sarmini sek diarani
apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Sarmini.
“Eeeehh, iki
Mbok Sarmini lara tenanan. Gek digotong neng omahe, sadurunge kebablasen!”
Gandheng
neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Sri
mlayu marani Ghana.
“Ghanaaa!!
Ibumu pinsan kae, neng sawah. Cepet ditulungi!!”
Ghana langsung njupuk pite lunga menyang sawah. Sawise tekan sawah Ghana
langsung nggotong ibune neng omah. Pite Ghana dibeta Mbk Sri.
Larane ibune
tambah nemen.
“Iki kudu
dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen!” Mbok Sri
kang tambah bingung.
“Wah, kula
ora duwe duwit kanggi mbayar rumah sakit budhe. Kepriun?” tanggap Ghana.
“Ora sah cilik atine nak mung
urusan kaya ngono. Duwit kuwi urusan keri. Sek penting ibumu gek mari!”
Srengenge
wis ana ing pucuking langit. Mbok Sarmini digawa neng Griya Sakit Sarjito. Ghana
karo Mbok Sri nunggu neng njobo, amarga Mbok Sarmini lagi diobati.
Ora krasa
wes wengi Ghana nunggu ibune neng griya sakit. Ghana ket mau ra iso mangan
amarga mikirke biaya kanggo nambani ibune. Ghana mikirke cara supaya bisa golek
duit sing akeh nanging cepet.
“Budhe
tulung kancani ibu kula nggih.”
“Lha kowe
arep nengdi Ghana?”
“Kula badhe wangsul
sekedap. Tulung nggih budhe?”
“Yo wes, le.
Kana, nek arep bali dhisik.”
Ghana muleh numpak pite mau. Neng tengah dalan Ghana weruh omah gedhe kang
menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.
“Mesti iki
lali ora dikunci.”
Ghana
ujuk-ujuk duwe pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora mikir
suwe Ghana langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Ghana jupuk ali-ali,
gelang, inten lan sek mesthi, duit. Sawise nglebokke bandha mau neng sak lan
liyane dicekeli, Ghana cepet-cepet metu.
Neng ngarep
omah Ghana kaget weruh wong sek nduwe omah kuwi lagi metu saka mobile. Sek nduwe
omah mung abang kupinge
weruh Ghana nggawa bandhane. Ghana mung cepet-cepet mlayu.
“Maling....Maling...Maling...!!!!”
Para warga sek
isih nang jero omah padha metu lan melu ngoyak Ghana. Ghana mlayu neng
sesawahan kang nembe ditanduri. Saking wedine Ghana ora weruh nek neng ngarepe
ana sumur kang jero. Ghana kesandung lan kecemplung. Ghana uga kepentung pentunge
warga kang tibo.
“Aaaaaaaaa......tulung!
Tulung!” munine Ghana.
Ghana tiba
neng sumur lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi Ghana.
“Mulane, aja
nyolong, ya le. Tak laporke polisi mengko kowe.”
“Tulung,
pak. Sampun dilaporke. Kula nandhang
sungkawa. Ibu kula teng griya sakit. Kula mboten gadhah arta, pak,”
Wong
sek nduwe omah mau lunga menyang griya sakit kang diomongake Ghana kanggo
mbuktekake omongane Ghana. Sawise ngerti Ghana bener, wong mau banjur ngenehi
pinulung marang Ghana, nanging Ghana ora oleh mbaleni kang dilakoni mau. Ghana
banjur matur nuwun marang wong mau.