Kamis, 18 April 2013

CERKAK PLESETAN BASA JAWA - KESANDUNG, KECEMPLUNG, KEPENTUNG

CERKAK PLESETAN BASA JAWA - KESANDUNG, KECEMPLUNG, KEPENTUNG

            Langit isih peteng. Cahyaning srengenge saya suwe saya ketok. Suwarane pitik jago nangekake wong-wong kang isih padha turu.
Ing desa ingkang adoh saka kuta, wong-wong wis padha siap menyang sawah lan pasar. Ana sek nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak.
Ana sawijining omah gedheg kang wis reyot ing pinggir ndeso. Omah iku mung dinggoni wong loro, mbok Sarmini lan anake sing sinom jenenge Ghana. Mbok Sarmini wes tuwa umure, 60 taun lan jaka anak siji-sijine iku umure 19 taun. Mbok Sarmini biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Ghana. Ghana mung nganggur neng ngomah. “Le, tulung jupukke obat neng meja ngarep!” akon Mbah Sarmini. “Nggih mbok. Mangkih riyen, sekedap.” Tanggap Ghana.
“Niki mbok obate, diombe ngangge wedhang niki.”
“Nuwun yo le.”
Sawise ngombe obat mbok Sarmini menyang sawahe kang rada adoh saka omahe. Ghana pancen ala pandhutane, ora gelem ngrewangi ibune. Dheweke mung nang omah ora ana gawean. Mbok Sarmini pancen tuwa, nanging isih seneng guyonan lan marai ngguyu kanca-kancane ing sawah nanggo cangkrimane, misale, “Coba, yu. Pitik walik saba kebon iku apa?”
Wong-wong ndeso iku padha ngarani dheweke Mbok Koplak. Mbok Sarmini menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep padha tandur.
“Pripun kabare Ghana mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak mrene?” takon Mbok Sri.
“Inggih sae yu. Alah, bocah siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.” Tanggap Mbok Sarmini.
            Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Sarmini ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Sarmini padha meneng wae, dikira mung ngapusi amarga Mbok Sarmini biyasane seneng gojekan. Uwes sepuluh menit Mbok Sarmini ora obah. Mbok Sri sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Sarmini sek diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Sarmini.
“Eeeehh, iki Mbok Sarmini lara tenanan. Gek digotong neng omahe, sadurunge kebablasen!”
Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Sri mlayu marani Ghana.
“Ghanaaa!! Ibumu pinsan kae, neng sawah. Cepet ditulungi!!”
            Ghana langsung njupuk pite lunga menyang sawah. Sawise tekan sawah Ghana langsung nggotong ibune neng omah. Pite Ghana dibeta Mbk Sri.
Larane ibune tambah nemen.
“Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen!” Mbok Sri kang tambah bingung.
“Wah, kula ora duwe duwit kanggi mbayar rumah sakit budhe. Kepriun?” tanggap Ghana.
“Ora sah cilik atine nak mung urusan kaya ngono. Duwit kuwi urusan keri. Sek penting ibumu gek mari!”
Srengenge wis ana ing pucuking langit. Mbok Sarmini digawa neng Griya Sakit Sarjito. Ghana karo Mbok Sri nunggu neng njobo, amarga Mbok Sarmini lagi diobati.
Ora krasa wes wengi Ghana nunggu ibune neng griya sakit. Ghana ket mau ra iso mangan amarga mikirke biaya kanggo nambani ibune. Ghana mikirke cara supaya bisa golek duit sing akeh nanging cepet.
“Budhe tulung kancani ibu kula nggih.”
“Lha kowe arep nengdi Ghana?”
“Kula badhe wangsul sekedap. Tulung nggih budhe?”
“Yo wes, le. Kana, nek arep bali dhisik.”
            Ghana muleh numpak pite mau. Neng tengah dalan Ghana weruh omah gedhe kang menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.
“Mesti iki lali ora dikunci.”
Ghana ujuk-ujuk duwe pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora mikir suwe Ghana langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Ghana jupuk ali-ali, gelang, inten lan sek mesthi, duit. Sawise nglebokke bandha mau neng sak lan liyane dicekeli, Ghana cepet-cepet metu.
Neng ngarep omah Ghana kaget weruh wong sek nduwe omah kuwi lagi metu saka mobile. Sek nduwe omah mung abang kupinge weruh Ghana nggawa bandhane. Ghana mung cepet-cepet mlayu.
“Maling....Maling...Maling...!!!!”
Para warga sek isih nang jero omah padha metu lan melu ngoyak Ghana. Ghana mlayu neng sesawahan kang nembe ditanduri. Saking wedine Ghana ora weruh nek neng ngarepe ana sumur kang jero. Ghana kesandung lan kecemplung. Ghana uga kepentung pentunge warga kang tibo.
“Aaaaaaaaa......tulung! Tulung!” munine Ghana.
Ghana tiba neng sumur lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi Ghana.
“Mulane, aja nyolong, ya le. Tak laporke polisi mengko kowe.”
            “Tulung, pak. Sampun dilaporke. Kula nandhang sungkawa. Ibu kula teng griya sakit. Kula mboten gadhah arta, pak,”
            Wong sek nduwe omah mau lunga menyang griya sakit kang diomongake Ghana kanggo mbuktekake omongane Ghana. Sawise ngerti Ghana bener, wong mau banjur ngenehi pinulung marang Ghana, nanging Ghana ora oleh mbaleni kang dilakoni mau. Ghana banjur matur nuwun marang wong mau.